PARIBASAN ADIGANG ADIGUNG ADIGUNA

Ing sawijining dina, Yayan dolan meyang omahe mbahe. Dina kuwi dina Minggu. Omahe mbahe kurang luwih sakilometer adohe saka omahe dheweke. Sarehne ora pati adoh, Yayan mung ngepit onthel. Lakune alon-alon. Kang diliwati dalan sisih kiwa. Udakara saprapat jam, Yayan wis tekan.

Simbahe Yayan asmane Mbah Sastra. Dhek biyen ngastane ing Pustakaan Daerah. Wis setaun iki panjenengane pension. Ing daleme kang cekli, Mbah Sastra ora pisah karo buku-bukune. Ana buku pewayangan, karawitan, geguritan, paramasastra, kabudayaan, pendhidhikan, macapat lan liya-liyane. Wose, buku-buku mau isine bab basa, sastra lan budaya Jawa.

Tekan latare Mbah Sastra, Yayan mudhun saka pite. Pit dituntun alon-alon banjur dijagragake ing sangisore wit pelem. Penere ing latar sisih kiwa, cedhak tritisan. Pit banjur dikunci. Sabanjure Yayan mlaku alon-alon tumuju omah. Tekan ngarep lawang, mak greg! Yayan kesemsem swara rada tuwa lagi nembang macapat. Bareng wis leren, Yayan thothok-thothok lawan banjur uluk salam kanthi alus.

“Kulanuwun…..!” Saka jero ora ana wangsulan

“Kulanuwun…..!”, Yayan mbaleni anggone uluk salam kanthi swara rasa sora. Ora let suwe, Mbah Satra gita-gita mapagake.

“Mangga…..”, swarane Mbah Sastra. “O, kowe ta! Kene…. kene…. kene…, mlebu ngomah!”

“Inggih, mbah. Maturnuwun!”, Yayan nyopot srandale banjur mlebu ngomah ngetutke Mbah Sastra. Ora let suwe Mbah Sastra lenggah ana sofa.

“Lho, kok ngejejer bae. Ayo lungguh!”, ngendhikane Mbah Sastra.

“O, inggih….., kula kuwatos manawi winastan kirang trapsila, awit ngrumiyini panjenengan.” Kandha mangkono, Yayan banjur lungguh.

“Kok kaya ana nggone sapa wae. Iki rak nggone mbahmu dhewe”, ngendhikane Mbah Sastra sinambi mesem ngalembana.

“Inggih mboten makaten, Mbah. Nadyan wonten pundi kemawon ingkang nama tata krama, kasusilan, subasita punika rak kadosdene wewayangan, dhateng pundi kemawon tansah ngenut blegeripun”.

“O. pinter kowe! Kuwi apik! Pancen, yen mbeneri mara dhayoh prayogane thothok-thothok lawing dhisik, banjur uluk salam. Dene wes mlebu ngomah aja lungguh dhisik sadurunge dibagekake sing duwe ngomah. Kaya kowe mau wis trep, apik. Jumbuh karo adhat katimuran, cudhuk karo Pancasila. Yen kowe kepingin mangreti luweh akeh, ayo meyang mburi!”, ngendhikane Mbah Sastra karo menyat lan ngajak Yayan meyang ruwang tengah.

Ing ruwang tengah kono, Yayan semu gumun. Dheweke nyumurupi maneka warna buku kang tinata tharik-tharik ing rak buku. Sing kandel awor karo seng kandel, sing tipis awor sing tipis. Panatane mbata wubuh. Jinising buku bisa diwaca ing gigire buku. Ora gantalan wektu, Mbah Sastra ndudut buku siji.

“Iki, coba delengen!”, pakone Mbah Sastra karo ngulungake buku

“ Inggih, mbah “, matur mangkono Yayan karo numpangi buku. “Wah, punika bab tembang, mbah!” Buku banjur dibukak.

“Iya. Nanging nadyan tembang isine pitutur luhur”, ngendikaane Mbah Sastra. “Coba. Tembangna pada kapisan!”

“Inggih, mbah”, wangsulane Yayan, banjur wiwit nembangke pada kapisan ing buku kuwi. Suwarane mangkene :

Wonten pocapatipun,

Adiguna, adiguna, adigung,

Pan adigang kidang adigung pan esthi,

Adiguna ula iku,

Telu pisan mati sampyoh.

Rampung anggone nembangke, Yayan antuk pangalembana saka Mbah Sastra. Yayan mung bisa klecam-klecem. Sabanjure Mbah Sastra njlentrehake surasane tembang mau.

“Pada tembang Gambuh mau sejatine minangka pepeling marang kowe kabeh. Wose, wong mono aja dhuwe watek adigang, adigung, adiguna. Adigang tegese ngendel-ngendelake kekuatane, adigung kaluhurane lan adiguna kapinterane. Adigang diumpamakake kidang kang tansa rosa anggone mlayu. Adigung diumpamakake gajah kang gedhe dhuwur. Dene adiguna diumpamakake ula kang pinter, bisa ngadeg tanpa sikil, bisa menek, bisa mlungker, bisa dawa, bisa nglibat-nglibet lan wisane mandi. Nanging nadyan kuwata kaya kidang, luhura kaya gajah lan pintera kaya ula, manungsa tansa ana kurange. Mulane ora becik ngegul-egulake apa kang dadi kaluwihane. Sebab, urip bakal bali ing pangayunaning Allah. Yen wis mangkono, kabeh mau ora digawa. Sing digawa mung amal kabecikane, takwa lan imane marang Allah ………”

Yayan ngrungokake kanthi premati. Atine binuka, ing atase mung tembang sapada, surasane jero. Mendah yen sepupuh, luwih-luwih sabuku. Mulane, ing daleme Mbah Sastra kono, Yayan bikut nerusake tembang-tembang maul an sedhela-sedhela nyuwun priksa marang Mbah Sastra.

 

Katrangan :

dijagragake     : distandradake, dicongkokake

cekli                : cilik tur apik

wewayangan   : ayang-ayang

bleger              : wadhag, asline, awake

sampyoh          : sampyuh, bareng

mandi              : ampuh, mbilaeni

Next Post Previous Post
No Comment
Add Comment
comment url