Paribasan Anak Polah Bapa Kepradhah

Guru Onlineku - Waktu iku esuk umun-umun. Jago-jago padha kluruk, babon-babon pating pretok, kuthuk-kuthuk pating kriyik. Manuk-manuk pating crowet. Mesin-mesin pating glereng. Wong-wong pating dlidir kahthi ancas dhewe-dhewe.

Beda karo Anto, esuk kuwi tangane ngresiki pit montore. Jinise Astrea Grand, rupane biru, tlisirane ireng. Anggone metu saka dealer durung suwe. Kabeh ubarampene isih komplet; tebeng isih njepapang, spion isih njenggring, knalpot isih methangkrong, reting isih kinclong-kinclong, speedometer terang trawaca. Wiwit saka pucuk spion tekan slebor buri diresiki kabeh.

Esuk kuwi dhewekw niyat menyang Wonogiri. Angkahe arep nonton bioskop. Kangsene karo Mamat. Mangkate jam stengah wolu. Sarehne papane adoh, mulane wiwit esuk kuwi, Anto kanthi dhedhemitan wis cepak-cepak pakeyan, sepatu uga sanguine.

Dina iku uga, Bapak lan Ibune nedya tindak menyang daleme Mbahe. Budhale esuk, jam pitu. Batine Anto rumangsa begja banget, dene arep lunga bapak ibune uga arep tindhak.

“Anto …… !”, pangundange bapake saka jero.

Karo mlayu Anton sumaur, “Dalem, Pak !”

“Rene, sedhela !” Ngendikane bapake Anton karo ngrogoh sake, “Aku mengko karo Ibu arep tindak menyang daleme mbah. Mulane  kowe ora kena lunga-lunga, kudu tunggu omah. Pitik lan manuke diopeni. Yen bar dipel, pit montore dijagrag ana emper kulon. Lan iki, dhuwit kanggo mbayar rekening koran. Mengko petugase mrene jam sepuluh. Wis, kana enggal dirampungke !”

“Inggih, Pak”, wangsulane Anto karo nampa dhuwit kanggo abang-abang lambe. Sabanjure nerusake pakaryane sakawit.

Jam wis nuduhake pukul pitu. Bapak lan Ibune Anto sida budhal. Anto dhewekan ana ngomah. Sawise adus banjur salin. Bubar salin terus sarapan. Sarapan rampung nuli nganggo sepatu.

Sakething lawang lan jendela dikunceni kajaba lawan ngarep. Kontak dicandhak. Lawan ngarep dikunci saka njaba. Kuncine disak. Pit montor dicandhak, jagrage ditlangkupake. Anton lungguh ing jog. Tangan kiwa nyekel setang, tangan tengene ngontak. Sikil kiwa mancat, sikil tengen nyelah. Swarane gereng-gereng alus, kebule sithik banget. Reting dijajal, byar pet padhang.

Pit montore tleser-tleser metu saka pekarangan. Lakune ngener kulon. Kang dituju omahe Mamat. Lakune pit montor saya banter saya banter, nanging Anton katon anteng. Kira-kira seprapat jam wes tekan. Mamat katon nganti-anti banget tekane Anton.

“Piye…… , Siyap ?”, pitakone Anton sawise mateni mesine.

“Siyap ….., beres !”, semaure Mamat karo nyandhak helme. Bareng wes tekan sacedhake Anton, Mamat takon.

“Lho, lha endi helmmu ?”

“Ora nggawa. Duwe bae ora kok dikonnggawa”, wangsulane Anton karo nyengeges.

“Becike ora usah nggawa kabeh sisan. Ora-orane yen ana cegatan !”

“Ya wes, aku manut”, kandhane Mamat karo mbalekake helmme. “Nanging kowe tanggung jawab ya!” kandhane maneh sawise bali.

“Beres….., beres !”, kandhane Anton karo ngunekake mesine

Gambar ilustrasi

Bocah sakloron sida budhal. Anton ana ngarep. Mamat digoncengake. Sadalan-dalan padha cekikilan, crita ngayawara karo sedhela-sedhela sablek-sablekan. Sanadyan lakune pit monture ora pati banter, nanging wong-wong sadawane dalan padha nggatekake. Kabeh padha mbatin: inga tase numpak pit montor ing dalan deghe ko kora helm. Apa ora Blaik mengko?

Tekan enggok-enggokan Gunung Belah kekarone dikagetake swara, “Priiiiiit . . . . . . !” Ngreti-ngreti ana pawongan gedhe dhuwur sragam coklat-coklat topi putih, ing ugel-ugelle blontheng ireng putih. Anton dikon nginggirake pit montore. Dening pak Polisi mau, kekarone ditakoni macem-macem lan dituturi bab lalu lintas. Wusanane Pak Polisi nibakake tilang. Saliyane ora ngganggo helm, Anton ora duwe SIM. Mula kanggo sawetara wektu, pit montor iku kepeksa ditinggal ana kantor polisi lan kekarone mulih nglenthung.

Ing ngomah, Anton didukani entek amek kurang golek dening bapake, inga tase dikon tunggu omah malah dolan. Dipasrahi dhuwet ora tekan. Wis lungane ora pamit, isih kena tilang sisan.

Wusanane, bapake Anton kepeksa urusan karo Polisi Lalu Lintas.

Katrangan :

Dhedhemitan                   : dhedhelikan, sinamudana

Abang-abang lambe       : lelamisan, kanggo patut-patut

Ditlangkupake                 : didhelikake menjero

Blaik                                   : dadi gawe, dadi prakara

Tilang                                 : bukti pelanggaran

SIM                                    : Surat Ijin Mengemudi, rebuwes.

 

 

Next Post Previous Post
No Comment
Add Comment
comment url