Filosofi Tembang Macapat

Guru Onlineku - Kebudayaan jawa sangat dipengaruhi penyebaram Islam yang dilakukan oleh para Wali Songo. Terutama oleh Sunan Kalijaga yang menyebarkan Islam dengan pendekatan kebudayaan. Salah satu kebudayaan itu adalah Wayang dan Tempat Macapat. Berikut ini adalah penjabaran tembang macapat.

☆Sunan Kalijaga:

wayangku iki wayang innalillahi wa inna ilaihi roji'un, nanging iki yen ngene iki wong Jawo ora mudheng. Sak lajengipun Sunan Kalijaga musyawarah kaliyan Sunan Bonang dan Sunan Drajad.

☆Sunan Drajad ngendhikan:
Nyuwun sewu Dimas Kalijogo, puniko wayang innalillahi wa inna ilaihi roji'un yen wong Jowo ora mudheng? Supayane wong Jowo iso mudheng tak jenengi Ojo Lali Sangkan Paraning Dumadi”.

Lha ben uwong ki ora lali karo sangkan paraning dumadi, tak gaweke tembang macapat.

Tembang macapat ki opo? Ben uwong iso slamet kudu isa moco barang papat.

Barang papat kuwi opo? Kancane nyowo sing medhun nang donyo, manggon ing rogo. Sing nang sisih tengen malaikat 2 jenenge Malaikat Khafadhoh, sing manggon nang sisih kiwa iblis 2 jenenge Jin Korin. Iki yen wong Jowo ya ra mudheng.

Pramilo iki tak jenengi sedulur papat limo pancer. Yen masalah pancer iki yen awake dewe ora ngerti iso dadi perkoro.Amargo ing wayah pancer iki merlokake samubarang, nggunakake kekuwatan sing tengen iso, nganggo kekuwatan sing kiwo ugo iso.

Koyok to wong lanang kang nembe nandhang wuyung mring wong wadhon, arep nggunakake kekuwatan sing tengen iso, carane poso 3 dino sing diwoco Ya Rohman Ya Rohim. Sesuk mesti wong wadhone ngomong “I love you”. Nggunakake kekuwatan sing kiwo uga iso, carane puoso ngebleng 3 dino sing diwoco sun amantek aji, ajiku si jaran goyang. To podho iso lan kelakone.

Dadi yen kyai sing tirakate kuwat yo padhang, dukun sing ora tau adus yen tirakate kuat ya padhang. Dadi podho2 padhange, nggoleki pitik ilang takon kyai ya ketemu, takon dukun sing ra tau adus ya ketemu. Mung bedhane sing siji (tengen) kaya padhange lampu, sing sijine (kiwa) koyo padange omah kobong. Nggoleki pitik bengi-bengi nggowo lampu senter yo ketemu, nggowo blarak sing di gendel di obong yo ketemu.Lampune senter wutuh, blarake kobong entek.

Yo wis yen ngono Dimas Kalijogo, kanti kawitan iki tak gaweke meneh tembang (Maskumambang) medhune nyowo nang alam donya kanti di papati,di pitoni di kanti waosan Qur'an lan solawat.

MASKUMAMBANG medhune nyowo nang alam donyo kok mlebu nang ragane ibu dadi bayi, mengko yen lahir tak jenengi tembang MIJIL.

(MIJIL): tegese bocah lahir rupo lanang rupa wedhok. yen lanang wedhus 2, yen wedok wedhus 1 di akeqohi di syahadahke ting Gusti ALLOH. Sakwuse (MIJIL) tembange KINANTI.

(KINANTI): bocah cilik2 kuwi (Kinanti) kudu di kanti/diukur/dilandasi ahklaq di kanti agama. Mulakne kaya NU gawe TPA, TPQ, ing masjid dalilul hikmah kincang wetan iki kanggo nrimo kinanti2 iku. (Kinanti) cilik-cilik kok ora di ajar akhlak, ora dikanti agama mengko ndak mleset. Amargo menungso arep mlebu tembang (SINOM)

(SINOM): bocah bakal dadi enom. Bocah yen enom ndablek, angel diwulang. Sakwuse kuwi tembange (ASMORODONO)

(ASMORODONO): bocah yen atine wis ke taman asmoro wis wiwit “jatuh cinta”, ora iso diajari. Wong tai kucing wae jarene rasa coklat. Bubar kuwi tembange (GAMBUH)

(GAMBUH): tempuk bocah lanang wadhon mbangun omah-omah. Diterusne tembange (DANDANG GULO)

(DANDANG GULO): dandang pahit, gua legi, yen entuk bojo pinter golek duwit, uripe rukun adem ayem kuwi entuk'e legi koyo gulo. Nanging yen entuk bojo kok gaweane ming tayuban, anane mung ngramal togel, bali2 nggaplok, kuwi entuk'e pahit koyo dandang. Dadi wis biso ngrasakne pahit legine urip. Diteruske tembang (DURMO)

(DURMO): wayahe darmakne rojo brono ilmu, khoirun nass anfa'uhum linnas. Banjur tembange (PANGKUR)

(PANGKUR): menungso ngerti-ngerti mungkur seko donya. Pramilo yen ndang mungkur golek dalan sing bener, mlebu masjid, nggolek ulama' sakdurunge kesusul tembang (MEGATRUH)

(MEGATRUH): copot rogo sak sukmane. Paling keri tembange (PUCUNG)

(PUCUNG): menungsalo ming di pocong sluku-sluku batok. Yen wis di pocong terus di lebokke nang lawang ciut.

Mula di jenengi BUYUT kuwi tegese siap2 mlebu lawang ciut. Yen wis mlebu lawang ciut ketemu karo Malaikat Munkar Nakir. Yen lali karo (SANGKAN PARANING DUMADI) naliko di takoni malaikat mengko ra iso mangsuli, ya langsung di canggah karo malaikate. Dadi wareng wedi ndelok akherat, di udhek-udek nang neraka, di gantung kaya siwur, dithuthuki modal madil kaya tarangan bodol, ajur mumur kaya gedebhok bosok.

Dadi pangkate anak, bapak, simbah, buyut, canggah, wareng, udhek-udhek, gantung siwur, tarangan bodol, gedebok bosok. Iki lho piwulange para ulama mbiyen. Piwulang nganggo cara sing “luar biasa”. Dadi wong Jowo malah padha mudheng, padha guyup rukun, ora malah padha padu pinter-pinteran dalil lan hadits

Next Post Previous Post
No Comment
Add Comment
comment url