Paribasan Ana Catur Mungkur
Guru Onlineku - Adzan maghrib lagi bae lerem. Bapak-bapak, Ibu-ibu, para nom-noman lanang wadon lan bocah-bocah padha menyang masjid. Ana kang kuplukan, sarungan uga kathokan dawa kanggone sing muslimin. Dene kang muslimat wis nganggo rukuh saka ngomah.
Kaya adat saben, aku uga ambyur ing
tengah-tengahing para santri mau. Aku nganggo sarung bledak lan hem shalat
kelir putih. Kuplukan ireng, ana tulisane Arab Mubeng. Ora keri sajadah saka
kain bludru kelir coklat daklempit dawa, banjur dakcangklong.
Tekan lawing mejid ngepasi muadzin
ngumandhangake qomat. Mulane, aku tetep ngadheq ngejejer ing shof buri.
Rampung qomat, para jamaah padha ngadeg. Sholat maghrib kawiwitan. Swasanane khusu’
banget. Nganti sholate rampung ora ana swara apa-apa kang ngreridhu lakuning
sholat. Imam mimpin donga, para makmum ngamini kanthi bareng. Bubar
donga padha salaman.
Mulih saka masjid kupluk dakcopot,
klambi dak lukar, sarung daklempit lan sajadah daksampirke. Aku ganti klambi
padinan lan calan panjang. Aku tumuju menyang meja belajar, niyat sinau. Wulangan-wulangan
mau esuk dakbaleni maneh, nganti ngarepake adzan Isa’. Sawise kuwi, aku lan
kulawarga mangan bareng.
Kabeh lungguh ing kursine
dhewe-dhewe ngadhep meja makan. Bapak sisih kulon piyambakan. Tengene Ibu karo
mbakayu. Dene sisih lor, aku karo adhiku. Sadawaning mangan katon regeng,
amarga padha ngenggoni tata kramane wong padha mamangan ; njupuk lelawuhan
sacukupe wae, ora kecap, migunakake sendhok lan porok aja nganti nyuwara, ing
satengah-tengahing mangan ora ngombe dhisik. Sabisa-bisane ora angop utawa
glegek yen pinuju mangan wowohan, kulite aja diselehke meja, nanging ana
piring.
Rampung anggone dhedhaharan, ibu karo
mbakayu ngukuti regedan. Aku karo adhiku sing ngusungi. Dene Bapak dhisiki tumuju
ruwang tengah, Bapak nerusake maos koran sore. Ora let suwe aku karo adhiku
nututi. Ibu lan mbakayu uga nimbrung kalane isah-isahan wis rampung kabeh. Yen wis
nglumpuk kabeh, Bapak leren anggone njinggleng koran.
“Kolil . . . “, aku didangu Bapak. “Wulangan
apa kang nabet bangen neng sekolahmu?”
“Basa Jawi, Pak”, aku caos
pawangsulan
“Bab apa?”
“Babagan paribasan, pak. Satunggalipun
ing antawisipun mungel : ana catur mungkur.”
“Kowe yo mudheng tegese?”
“Tegesipun boten remen mirengaken
reraosan ingkang boten sae, pak.”
Rikala semanten Pak Wiyono ndangu
punapa tegesipun ana catur mungkur. Kanca-kanca sami mendel, sajak dereng sami
mangertos. Priksa kawontenan ingkang makaten, Pak Wiyono nglajengaken
pangandikanipun.
“Ana catur mungkur iku uga bisa
ditegesi ora seneng melu-melu urusaning liyan. Umpamane ngrasani liyan kang ora
apik, mbelani wong padu, kang kudune misah, obong-obong prekarane liyan. Lan kanggone
bocah-bocah ora kena melu jagongan kalane Bapak Ibu kerawuhan tamu.”
“Pancen bener”, Bapak ngimbuhi. “Malah
ana tembangen barang. Surasane mangkene:
Dedalane guna lawan sekti,
Kudu andhap asor,
Wani ngalah luhur wekasane,
Tumungkula yen dipundukani,
Bapang den simpangi,
Ana catur mungkur.
Kuwi mau tembang Mijil. Wose, wong
wong yen kepingin kajeng-keringan, kudu andhap asor, tansah ngenggoni tata
krama. Wong ngalah iku ora ateges kalah. Sebab wong yen ngunggulake dheweke
bakal diasorake, nanging wong sing ngasorake dhirine bakal diunggulake. Yen didukani
kowe ndungkluka, aja sakecap padha sakecap. Wewalere ora diterak lank ang pungkasan
mau, ana catur mungkur. Yen ana wong padha ngrasani elek, luwih becik
sumingkir, ora malah melu-melu, iku ora becik. Yen kuwe wani elikna, dene yen
ora wani cukup Ndonga marang Allah. Muga-muga wong mau diapura dosane lan dituduhna
pakarti kang bener. Wis … wis … wis…, saiki padha nerusake pakaryane
dhewe-dhewe”, Bapak nglereni katrangane.
Katrangan:
Muslimin :
santri lanang
Muslimat :
santri wadon
Muadzin :
tukang adzan
Qomat :
pengajak shalat
Shof : barisan shalat
Khusu’ :
ning, khidmat
Imam : pemimpin sholat
Makmum : kang padha melu sholat